Nalika jaman Majapahit ± tahun 700 M, Kraton Majapahit
dipunserang dening Raden Fatah. Bondan Surati lan wadya balanipun amargi mboten
saged nandhingi Raden Fatah, Bodan Surati lan wadya balanipun lajeng ndelik.
Saksampuninpun Kraton Majapahit ketingal lerem, Bondan Surati wangsul dhateng
Majapahit. Nanging dumugi ing ngajeng regol, Kraton Majapahit tutup. Bondan
Surati lan wadya balanipun mboten saged mlebet ing Kraton. Lajeng, Bondan
Surati lan wadya balanipun kesah tumuju mangilen ngantos dumugi ing Tlatah
Semanu. Wonten ing mriku, manggih kali ingkang nembe banjir ageng. Anggenipun
badhe nyebrang kali menika mawi srana gagang tombakipun Bondan Surati.
Saksampunipun saged nyebrang, kali menika dipunparingi tetenger Kali Wot Lemah.
Bondan Surati nglajengaken lampah miyos wangen lan klayu dumugi ing mriku
wonten kayu ingkang ageng. Bondan Surati anggenipun mirsani kajeng menika
ngantos ndengongok. Mila, papan menika katelah ing Desa Ndengok. Bondan Surati
nglajengaken lampah malih ngantos dumugi ing Paliyan. Wonten ing mriku
garwanipun Bondan Surati babaran miyos kakung. Saklajengipun Bondan Surati pati
obong. Sakderengipun nindakaken pati obong, piyambakipun weling dhateng keng
garwa, samangkeh awunipun supados dipunlebetaken ing pengaron, lajeng
dipunparingaken wonten ing Pathuk Mbaron.
Putranipun Bondan Surati ingkang sepisan wau, lajeng
nggadhahi putra ingkang asma Mento Truna. Mento Truna kasebat krama kalian
putranipun Ki Gabeng ingkang mapan wonten ing Desa Gabeng. Banjur Ki Mento
Truno dipundhawuhi kalih Ki Gabeng supados tumuju wonten ing Solo ngabdi wonten
ing Ngarsa Dalem. Ing mriku Ki Mento Truno dipuntampi lan dipunparingi
pedamelan pinangka pekathik (Tukang Ngopeni Jaran).
Saksampunipun mapan wonten ing ngriku, Kali Bengawan
Solo banjir bandhang ngantos dumugi ing Kraton Solo. Sedaya kawula ing Solo
mboten saged kuwawa mbendung kali ingkang banjir menika. Lajeng dadosaken
Liwungipun kawula. Ki Mento Truna mireng sambatipun para kawula lajeng
piyambakipun sesumbar “Wong sak negara mung mbendung kali kaya ngono wae kok
ora bisa. Selagine bayi wingi sore wae bisa”. Sumbaripun Ki Mento Truna kapireng
dening Sentana Dalem, banjur dipunaturaken wonten Ngarsa Dalem. Ki Mento Truna
supados dipuntimbali sowan ing Ngarsa Dalem. Ki Mento Truna dipunsuwuni pirsa,
“Apa kowe bisa mbendung kali kui, kok kowe bisa sesumbar kaya ngono?”. Ki Mento
Truna sagah lan nyuwon wekdal setunggal dalu.
Ki Mento Truna saged mbendung kali ing wekdal sedalu.
Saksampunipun Ngarsa Dalem pirsa, penggalihipun rumaos bombong. Lajeng Ki
Mentro Truna dipuntaros badhe nyuwon bebungah menapa. Ki Mento Truna
dipunangkat pinangka Bupati ing Ngenep. Ki Mento Truna mboten kersa. Piyambakipun
mboten badhe nyuwon bebungah
menapa-menapa, kejawi nyuwon menawi Rasul ing Ngenep ing benjangipun sami
kalian Grebeg ing kraton.
Panyuwunanipun Ki Menta Truna dipunkabulaken saking
Ngarsa Dalem. Sakderengipun Ki Mento Truna wangsul ing Ngenep, piyambakipun dipunparing
tetenger pusaka asma Ki Mento Kuwasa. Ugi kangge pirantos wangsul ing Ngenep,
Ki Mento Kuwasa dipunparingi Gundhil Antra Kusuma. Kondoripun Ki Mento Kuwasa
saking Kraton, ugi dipunkantheni prajurit ingkang samangkenipun saged njagi
kangge katentreman wonten ing grebeg.
Dumugi ing griya (Ngenep), ngepasi ing dinten Jumat
Pahing. Ki Mento Kuwasa badhe ngawontenaken grebeg wonten ing dinten Jumat
Wage, nanging kangge pirantos grebeg menika ing Ngenep dereng wonten Masjid. Lajeng,
Ki Mento Kuwasa sambat kaliyan Ki Ageng Temon (Wadya balanipun Bondan Surati
ingkang makuwon ing Temon Tlatah Ponjong). Mirsani liwungipun Ki Mento Kuwasa
ingkang mboten gadhah masjid kangge pirantos grebeg, Ki Ageng Temon maringi
masjid supados dipunboyong ing Ngenep. Masjid kaboyong Ki Mento Kuwasa ing
wekdal ndalu menika ugi. Kamangka wekdal semanten ngepasi kangge acara
pengaosan, mila sedaya para santri ingkang nembe pengaosan katut kaboyong ing
Ngenep. Lajeng Masjid menika katelah Masjid Tiban. Saksampunipun pirantos
Grebeg sampun sumadya, Ki Mento Kuwasa mendhet meriam ing Kraton dipunungelanken
dinten Jumat Wage kangge pratanda menawi Grebeg Ngenep sami kaliyan Grebeg ing
Kraton. Karana suwantenipun ngantos ngguncangaken bumi ing Kraton, Ki Mento
Kuwasa dipuntimbali dumateng Ngarsa Dalem. Dipunemutaken menawi badhe
ngawontenake grebeg mboten sah ngungelaken meriam.
Sumber cerita menika saking Ki Rais Muyadi (Keturunan
Ki Mento Kuwasa kaping 16).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar